Sejarah Desa
30 April 2014 17:20:39 WIB
Sejarah Kalurahan Karangasem, Kapanewon Paliyan, Kabupaten Gunungkidul.
Cerita Sumebar,Gugoh tuhon, mitos lansapunggalane.
Nalika kudu nyingkir ninggalake kerajaane, jalaran ora kersa perang mungsuh putrane. Prabu Brawijaya sasat kaya nglakoni tapa kanggo ngleremke pengalih. Lakune Prabu Brawijaya didereke para abdi kang cacahe ora sethithik. Didereke prajurit sak gelar sepapan. Lakune Prabu Brawijaya nganti tekan tlatah Gunungkidul. Kejaba didereke abdi, Prabu Brawijaya uga nganthi klangenan, kuda wadon warno putih, di paringi asmo Nyai Sangga Langit, Sona, lan peksi putih.
Ringkese crita, Prabu Brawija tekan ing salah sawiijine papan kang diarani Gubuk gede. Papan iki ana ing tlatah Ngalang ing wektu saiki. Ing papan iki Tumenggung Meles, salah sawijing penderek, ngenengke utawa ngadani pesta, jejangrungan, kahanane pesta kuwi menawa tembung saiki meriah banget. Sak bubare acara jejangrungan kuwi, peksi putih klangenane Prabu Brawijaya manggung ora leren-leren.
Swara manuk kuwi keprungu nganti tekan Demak Bintoro. Sunan Giri minangka Bapa gurune Raden Patah paring kabar menawa Ramane ya Prabu Brawijaya wektu kuwi ana ing daerah Redi kidul. Katitik ana swara manuk ing papan kuwi. Raden Patah terus mbalang manuk kuwi ngango padasan, mula tekan wektu saiki tlatah kuwi (Ngalang) ana papan kang diarani Gunung Kendil, kang dumadi seka padasan kang dibalangake Raden Patah. Mangkono kang tekan saiki isih dadi cerita ing masyarat umum. Dene kedadeyan kang sak benere, tekan wektu tulisan iki disusun durung ana penelitian sing khusus ngonceki cerita kang wus turun temurun kuwi.
Gandeng papan panggonane wus kengerten dening Raden Patah, mula Prabu Brawijaya lan pendereke sumingkir neruske laku, kejaba temenggung Meles. Jalaran temenggung Meles seda ing papan kuwi.
Lakune Prabu Brawijaya nganti tekan tlatah Giring, lan Sada. Mula nganti tekan saiki sedekah Babab dalan ing desa Giring lan Sodo mesthi di adani sak bubare sedekah rasul ing Gubuk Gede utawa Ngalang.
Lakune Prabu Brawajiya terus ngulon tekan tlatah Mulusan, malah ana cerita ing wilayah Mulusan Prabu Brawijaya njaluk banyu marang salah sawijing warga, nanging di jawab menawa papan kana ora ana banyu. Gandeng ing papan kono ora ana banyu mula Prabu Barwijaya neruske mlaku ngulon, tekan papan kang saiki sinebut Karangasem. Ing salah sawijine papan ana pertapa kang lengah ing salah sawijing gua. Asmane Ki Ageng Wicaka. Ing papan kuwi Prabu Brawijaya rumaos semeleh penggalihe. Malah nganti sakwetara wektu Prabu Brawijaya lenggah ing papan kuwi. Papan kasebut lemah krikilan kang kebak watu-watu karang. Nanging miturut dongeng turun temurun Ing papan kang dilengahi ki Ageng Wicaka iki mujudake salah sawijining gua. Gua iku gua vertikal, plawangan gua marep mungah lan ing ngisor papane jembar malah ana sing ndongegke menawa ing gua kuwi ana gamelan sak perangkat. Dadi gua kuwi kerep dinggo gladen karawitan. Ing ngarep gua ana wit asem gede banget. Mula papan kuwi diparingi tetenger dening Prabu Brawijaya kanthi sebutan Karangasem.
Nanging ing wektu saiki gua kuwi ora ketok, “nutup” kurukan lemah. Embuh perkara ana owah-owahan alam utawa bab liya. Nanging ana kang ngandake menawa gua kuwi nutup secara gaib, jalaran ana wong kang tumindak ora becik. Yoiku nyolong gamelan sing ana njero gua. Mangkono dongeng sing turun temurun. Mula tekan saiki papan kuwi disebut Gua Saka, senajan wis ora ketok wujud guane. Ing papan kuwi ana peninggalan mirip lingga yoni, urga ana kang ngarani barang kuwi mujudake ompak, ing sisih lor kulone ana makam 2 cacahe. Miturut dogeng uga menawa ing papan kuwi ana Puri utawa Gapura marep mangetan.
Prabu Brawijaya, lenggah ing papan kang Kanggo lenggah Ki Ageng Wicoko rumaos tentrem penggalihe, malah nganti Putrine Ki Ageng Wicoko dipundut Garwo. Peputra siji kang diparingi asmo Bondan Surati. Diparingi asmo Bondan Surati jalaran putra Prabu Brawijaya kang nomer loro diparingi asmo Bondan Gejawan. Putra Prabu Brawijaya kang nomer siji asmo Aryo dilah, nomer lara Sri Manurung, nomer telu Bondan Gejawan, nomer papat Sunan Lawu, nomer lima Bethoro Katon, nomer nem kang beda ibu yaiku Bondan Surati kasebat. Bondan Surati semare ing Makam dusun Karangasem B.
Suwening-suwe lenggahe Prabu Brawijaya ing bumi kang awujud watu-watu karang, Kang uga akeh wit asem kuwi konangan dening prajurite Raden Patah, lan kanjeng Sunan Giri. Ing salah sawijing wektu Prajurit Demak sak gelar sepapan tekan ing Karangasem. Miturut cerita, kajeng Sunan Giri melu ngawat-awati Prajurit Demak kuwi.
Kedadean perang gede ora kena disingkiri. Perang gede antarane prajurit Demak dan prajurit pendereke Prabu Brawijaya. Prajurit Demak rumangsa kuwalahan ngadepi prajurit penderek Brawijaya. Kanjeng Sunan Giri nyawang prajurite keseser rumaos ora tega banjur nyabetake iket agemane ing tengah-tengahe peperanagan kuwi. Dumadakan seka iket kuwi metu kewan-kewan kang nduweni wisa, kaya dene ula, klabang, kalajengeking, ketonggeng lan sak panunggalane. Cacahe ora etungan. Akeh banget. Peperangan langsung bubar, merga dirayah kewan-kewan kuwi, mlayu golek slamet dewe-dewe. Kedadeyan iki kasebat mujizat “pecahe peti jepun”. Mula tekan seprene, ing tlatah Karangasem akeh banget kewan-kewan kasebat. Apa meneh menawa tiba udan sepisan, sasat mubal, metu kewan-kewan kuwi, ana kang nyebut menawa kewan-kewan kuwi “Prajurite” kanjeng Sunan Giri lagi pada ngisis. Mangkono gugon tuhon kang ana ing masyarakat.
Pecahe pethi jepun iki ndadekae prajurit pendereke Prabu Brawijaya mencar dewe- dewe. Prabu Brawijaya kasil nyingkir, neruske laku nganti tekan pinggire segara yaiku segara Ngobaran. Prajurit penderek bubar golek slamet dewe-dewe. Salah sawijing prajurit ana sing milih lenggah ing sekitar Karangasem, nyawiji marang kawulo sak sekitare papan kuwi, yaiku eyang Setrawana, cikal bakal dusun Trowono, kang siki dadi salah sawijing dusun kang uga mlebu wewengkon kalurahan Karangasem. Eyang Setrawana uga ana kang nyebut eyang Damarjati. Biasane pancen mangkono, menawa ana Trah sentana kang nyamar biasane pada ganti asmo, supaya isa nyawiji marang kawula. Eyang Setrowono sumare ing makam umum Trowono, kang uga kasebut makam Eyang Setrowono. Penderek liyane uga ana sing lenggah ing daerah Kepek Saptosari, kang sinebut Eyang Baru Klinting. Uga ana kang nyebat eyang Sekar. Lan uga ana kang lenggah ing tlatah Kalurahan Nglora Saptosari, kang kasebat eyang Bobok.
Eyang Setrawana, Eyang Bobok lan Eyang Baru klinting, miturut cerita sedulur kakang adi, dene sing enon sapa, utawa sing tua sapa isih kurang terang tekan saiki. Ana kang nyebutake menawa sing lenggah ing Kepek kang kepernah enom. Jalaran eyang Bobok menawa dolan menyang nggone Eyang Baru Klinting utawa eyang Sekar nduweni tembung dolan neng nggone si Kepek, tegese dolan neng nggone sing Enom. Mula papan kang kanggo lenggah Eyang Baru Klinting kuwi tekan saiki diarani Kalurahan Kepek.
Miturut perkiraan kedadeyan iku sekitar tahun 1400 masehi, jalaran ana tembung Sirno ilang kertane bumi. Tembung kuwi minongko sengkalan utawa sandi kang tegese Sirno pada karo angka nol, ilang uga nol, kerta papat, bumi tegese siji. Menawa diwalik dado ongko 1400.
Bumi Karangasem mujudake bumi kang wus tua, mula akeh mitos utawa gugon tuhon kang tekan saiki isih ana kang percaya. Salah sijine yaiku ora saben wong wani tuku omah sing seka Karangasem. Jarene menawa ora duwe getih keturunan Karangasem “ora kuat” ngenggoni omah kuwi. Malah uga ana kang nganggo kayu seka Karangasem wae ora wani. Gugon tuhon kuwi tekan saiki isih akeh kang percaya. Masyarakat ing sak kiwa tengen Karangasem arep nganggo irus, utawa enthong kang digawe seka kayu sing tuwuh ing bumi Karangasem akehe pada ora wani. Malah tutus utawa tali seka empring wae menawa empringe seka tuwuhan ing bumi Karangasem wae akeh kang pada ora wani nganggo. Nanging menawa duwe getih Karangasem jarene ora piye-piye.
Ing papan kang mbiyen kanggo lenggah Ki Ageng Wicoko, kang tekan seprene sinebut Gua Saka, ana waleran arah mangetan, ana kang nyebat Susupan, miturut crita kuwi biyen- biyene dalan kang biasa dilewati wong-wong kang sowan marang Ki Ageng Wicoko. Waleran lemah mangetan tekan Dusun Trukan isih wutuh dadi lemah waleran. Jarene ora ana sing wani manggon utawa nanduri ing lemah kuwi. Biyen-biyen lemah kuwi dadi dalan kang biasa kanggo sowan Ki Ageng Wicaka. Kang uga ing nduwur di critake menawa ana gapurane.
Miturut peta ing wektu saiki, papan kasebut kalebu lemah kagungane kraton Ngayogyakarta hadiningrat. Utawa Sultan Ground. Malah miturut kelas lemah, kalebu lemah keprabon, utawa lemah mankota. Ing wektu saiki lemah-lemah akeh kang dimanfaatke warga kanggo lahan pertanian lan uga kehutanan.
Cerita ing duwur kuwi, mujudake cerita kang sumebar ing masyarakat. Tekan wektu saiki durung ana penelitian kang secara khusus ngonceki cerita kedadeyan ing bumi Karangasem kuwi. Okeh versi sing berkembang neng masyarakat. Kang isa dadi conto, ana kang crito menawa makam Bondan Surati, dudu jasad kang semare ing papan kuwi. Nanging petilasan ilang mukswame eyang Brawijaya. Senajan sak perangan wong isih nduweni keyakinan menawa eyang Bondan Surati pancen semare ing papan kasebut.
Samare sejarah Prabu Brawijaya pacen kerep dadi bahan pitakonan. Senajan pancen sejarah babat akehe di tulis kanthi sandi. Menawa tembung saiki kebak dening Metafora. Utawa kiasan-kiasan khusus sing meshi wae ora kena dipahami secara mentah.
Ing Sumber liya uga ana kang angandake menawa sakjane Raden Patah ora nate nyerang Majapahit. Malah Demak utawa raden Patah kang nylametke Majapahit seka pemberontakane Kediri. Cerita kuwi kaya mlaku “urip” bebarengan, glinding ing alam pikirane masyarakat.
Pencarian
Komentar Terkini
Statistik Kunjungan
Hari ini | |
Kemarin | |
Pengunjung |